Banyu saka tuk cacah rolas kang asale uga saka rolas kecamatan ing Kabupaten Kulonprogo iku dadi pratandha manunggaling para kawula. Apamaneh nalika banyu iku didadekake siji ono sakjeroning genthong. Pratandha utawa simbol manunggaling kabeh kawula iku kayadene dadi salah sawijining bab kang paling wigati ana ing adicara Nyadran Agung kang diadani ing Rumah Dinas Bupati Kulonprogo kang ana ing sisih lor Alun-Alun Wates, dina Setu Paing (23/7) kepungkur.
Bupati Kulonprogo, Toyo Santosa Dipo nalika menehi wejangan pambuka ing adicara Nyadran Agung ngendika menawa manunggaling banyu saka tuk cacah rolas kang ana ing rolas kecamatan ing Kulonprogo, yaiku saka tuk ing Sendhang Kawidodaren, Suroloyo, Samigaluh, tekan ing tuk saka Sumur Masjid Saka Tunggal ing Kecamatan Galur iku mujudake pratandha utawa simbol guyub rukune kabeh warga masyarakat ing Kulonprogo.
“Banyu saka tuk cacah rolas iku mujudake simbol kemakmurane warga saka ing saben kecamatan ing Kulonprogo. Ing papan iki, ya ing adicara Nyadran Agung iki, kabeh manunggal dadi siji,” ngono ngendikane Toyo.
Banyu saka tuk cacah rolas kang sakbanjure dicampur dadi siji ono ing genthong, imbuhe Toyo, uga bisa dadi pralambang menawa warga ing Kulonprogo bisa tansah urip sesandhingan kanthi ayem lan tentrem. ”Kabeh nduweni pengarep-arep, banyu kang wus dadi siji bisa dadi wujud utawa pralambang warga ing Kulonprogo tansah bisa urip ayem tentrem,” ngono ngendhikane Toyo maneh.
Gubernur Ngayogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono Kaping X ngendhika, tradhisi nyadran kayadene Nyadran Agung kang diadani ing Kulonprogo mujudake salah sawijining bab kang banget wigati tumpraping kabeh warga, bakune kanggo pepeling ngenani asal uripe manungsa ing donya.
Sakliyane iku, nyadran uga ngemu pepeling menawa manungsa urip ing alam donya iku ora bakal langgeng, mula saka iku, manungsa kudu tansah tumindak kang becik kayadene tansah urip rukun ing saktengahing bebrayan agung utawa ing saktengahing warga masyarakat.
“Kabeh pepeling iku bisa dirasakake nalika awake dhewe kabeh ngadani nyadran, ndedonga ing pasareyane para leluwur,” ngono ngendhikane Sultan kang katulis ing serat kang diwaos dening Kepala Dinas Kebudayaan DIY, Joko Dwiono.
Miturut salah sawijining tokoh agama Islam saka Karangwuluh, Kecamatan Temon, Abdullah Syarifuddin, ing tradhisi nyadran mono sejatine ana telung prekara kang bisa ditindhakake, yaiku, sepisan, nyekar ing pasareyane para leluwur kayadene kang wus asring diadani dening kabeh warga, kanti maos tahlil lan maos Surat Yassin . Kang kaping loro yaiku ngadani slametan utawa kang asring sinebut apeman, lan kang kaping telu yaiku andhum dhaharan kanggo warga masyarakat utawa menehi bebantu marang warga liyane awujud duwit. ”Iki wujud nyadran kang penting lan banget mbantu warga kang kesrakat utawa fakir miskin,” ngono ngendhikane Syarifuddin.
Sakliyane disengkuyung warga saka rolas kecamatan ing Kulonprogo, tradhisi Nyadran Agung kang diadani ing Pendapa Rumah Dinas Bupati Kulonprogo uga disengkuyung dening para pangembating Kabupaten Kulonprogo. Sakliyane nggawa banyu suci, warga uga nggawa sabarang dhaharan kayadene tumpeng lan dhaharan liya kang digawa nganggo tenongan.
Nyadran ing Makam Sewu
Ing tlatah Kabupaten Bantul, atusan warga saka Kecamatan Pandak lan Pajangan uga ngadani tradhisi nyadran ing Makam Sewu, Wijirejo, Pandak, Senen Wage (25/7).
Miturut Kabag Kesra Desa Wijirejo kang uga dadi ketua panitia nyadran, Hariyadi, ngendhika menawa nyadran taun iki dieloni dening warga saka sepuluh pedhusunan saka rong kecamatan yaiku Pandak lan Pajangan.
Tradhisi nyadran mono, miturut Hariyadi, mujudake adhicara kanggo ndongakake para leluwur kang wus seda kang disarekake ing Makam Sewu. Kanggone warga Pandak lan Pajangan, tradhisi iku uga dadi adhicara kanggo ndongakake, mengeti lan nguri-uri leluwure warga Panembahan Bodho utawa Raden Trenggono.(Juruwarta Harian Jogja/Arief Junianto & Siwaratri Erawati)
0 komentar:
Posting Komentar